GIRIS
Nggegirisi jaman iki
Lanang wadon angel mbedakkake
Kalungan tindhikan
Pamer aurat lan syahwat
Tansah sambat
Lakune bejat
Saya thenger-thenger sing bener
Sing salah bebungah
Akeh kancane
Ngawi, 1981
SEKOLAH
Sekolahku ibtidak
Budhal mulih lamak
Udan panas
Pupus payung
Kroso ngelak
Ngokop sumur
Prasasat senggotan
Krentege ati,
Ngluru ilmu
Ngawi, 1981
DUDA
Peparapku duda
Kalung kawuk
Tansah lilo legowo
Njamas alu
Ngluru paku
Angon lembu
Pandongaku saben wektu
Anak putuku
Tansah kondhang
Njoro langit
Puter gelang
Mangku jagad
1981
Tidak ada komentar:
Posting Komentar